Hai guys aku punya contoh pidato basa jawa nih
sebenernya ini juga hasil ujian praktek Basa Jawa sewaktu aku SMP
Assalamualaikum Wr Wb
Nuwun,Bapak Kepala Desa Banyurojo ingkang kinurmatan.Bapak Ustadz Yusuf ingkang kinabekten.Bapak/Ibu rencang Bapak Triyono satuhu kinurmatan.Tangga tepalih saha keluarga ingkang dahat kinurmatan.
Miwiti pepanggehan kula saha panjenengan sedaya sumangga kawula dherekaken sareng-sareng nglahiraken raos puja saha puji syukur dhateng ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang sampun paring rohmat,taufik,saha hidayah dhumateng kita.Dene ing wekdal menika kita saged rawuh ing adicara khitanan putranipun Bapak Triyono ingkang angka tiga kanthi nama Ardi Maulana.
Ingkang kaping kalih keluarga Bapak Triyono ngaturaken agunging panuwun dhumateng para kadang,tangga tepalih tuwin para mudha ingkang sampun kersa nglonggaraken wekdal saha penggalih saged rawuh ing pahargyan punika kanthi lega-legawaning manah.Bapak Triyono ugi mboten kesupen ngaturaken agunging panuwun menawi panjenengan sedaya sampun kanthi rila legawa paring pambiyantu saha sumbang surung ingkang awujud punapa kemawon ingkang ndadosaken rancaging ingkang mengku damel.Bapak Triyono sakeluarga mboten saged ngaturi piwales punapa-punapa pramila sagedipun namung ngaturaken agunging panuwun mugi-mugi lumebering kanugrahaning kautaman panjenengan angsal piwales saking Gusti Allah SWT.
Ingkang kaping tiga Bapak Triyono nyuwun donga pangestu saking para tamu kangge putranipun ingkang dipunkhitanaken inggih menika Ardi Maulana.Mugi-mugi enggal pulih kasarasanipun saha saged dados putra ingkang bekti dhateng tiyang sepuh saha bebrayan kathah.Amin.
Para rawuh ingkang minulya,pungkasaning atur saking Bapak Triyono menawi anggenipun nampi rawuh panjenengan sedaya kirang mranani penggalih,kersa panjenengan paring samodra pangaksami.Mbok bilih anggen kula matur kathah lepat saha kirang trapsila kula nyuwun agenging pangapunten,matur nuwun.
Wassalamualaikum Wr Wb
Tidak ada komentar:
Posting Komentar